YouVersion Logo
Search Icon

MARKUS 13

13
KHOTBAH
BAB WEKASANING JAMAN
Bab rusake Padaleman Suci
13:1-2
Mt 24:1-2; Lk 21:5-6
1Nalika Gusti Yesus jengkar saka ing Padaleman Suci, ana sawijining sakabat kang matur: “Guru, cobi mirsanana kekahipun sela-sela punika saha endahipun yeyasan punika!” 2Gusti Yesus banjur paring wangsulan, pangandikane: “Kowe nyawang yeyasan kang gedhe endah iki? Besuk bakal ora ana watu kang lestari tumumpang ing watu liyane, kabeh bakal padha dijugrugi.”
Wiwitane sangsara
13:3-13
Mt 24:3-14; Lk 21:7-19
3Bareng Gusti Yesus lenggah ing gunung Zaitun adhep-adhepan karo Padaleman Suci, Petrus, Yakobus, Yokanan lan Andreas matur pitakon dhewekan marang Panjenengane: 4“Paduka mugi karsaa paring sumerep, benjing punapa kelampahanipun bab punika saha punapa ingkang badhe dados alamatipun, manawi sadaya punika wau sampun badhe kelampahan?”
5Gusti Yesus bajur wiwit ngandika: “Kowe padha sing awas, aja nganti kowe disasarake ing wong! 6Bakal akeh wong kang padha teka nganggo jenengKu lan calathu: Iya aku iki, sarta bakal nasarake wong pirang-pirang. 7Lan manawa kowe padha krungu swaraning perang utawa kabar-kabar perang, aja padha kaget, sabab iku kabeh kudu kalakon, ewadene iku isih durung pungkasane. 8Awit bangsa bakal merangi bangsa, karajan merangi karajan. Bakal ana lindhu ing pirang-pirang panggonan, apadene bakal ana pailan. Iku mau kabeh mung dadi wiwitaning sangsara, ngarepake jaman anyar.
9 # Mt 10:17-20; Lk 12:11-12 Nanging kowe sing awas, sing ngati-ati! Kowe bakal padha diladekake marang pradata agama, lan kowe bakal padha digebugi ana ing papan pangibadah sarta bakal disebakake marang ngarsane para kang ngasta panguwasa lan para raja marga saka Aku, minangka paseksi ana ing ngarsane. 10Nanging Injil kudu diwartak-wartakake dhisik marang sakabehing bangsa. 11Dene manawa kowe diirid diladekake, kowe aja sumelang ing bab apa kang bakal dadi aturmu, nanging aturna apa kang nalika iku diparingake marang kowe amarga dudu kowe, kang calathu, nanging Sang Roh Suci.
12Sadulur bakal ngulungake padha sadulur marang paukuman pati, bapa ngulungake anake sarta ana-anak bakal padha mbalela marang wong-tuwane lan mateni wong-tuwane. 13#Mt 10:22Kowe bakal padha disengiti dening wong marga saka asmaKu, nanging sing sapa mantep nganti tumeka ing wekasan, iku bakal rahayu.”
Bab sangsara gedhe lan kristus-kristus palsu
13:14-23
Mt 24:15-28; Lk 21:20-24
14 # Dn 9:27, 11:31, 12:11 “Manawa kowe padha weruh pangrusak kang ambek siya ngadeg ana ing papan kang dudu samesthine – sing padha maca padha migatekna – wong-wong kang ana ing tanah Yudea padha ngungsia menyang ing pagunungan. 15#Lk 17:31Kang pinuju ana ing payon, aja mudhun njupuk barang saka ing omahe 16lan wong kang lagi ana ing pategalan iya aja mulih njupuk sandhangane. 17Nanging sangsara banget para ibu kang lagi ngandheg utawa kang nusoni ing mangsa iku. 18padha ndedongaa, supaya kalakone iku kabeh aja mbeneri mangsa padhidhing. 19#Dn 12:1; Wy 7:14Amarga ing nalika iku bakal ana kasangsaran kang ora ana pepadhane wiwit dumadining donya, kang katitahake dening Pangeran, nganti tumeka ing saiki lan kang ing besuk iya bakal ora kalakon maneh. 20Lan saupama Pangeran ora ngungkret wektune, ora ana kumelip kang lestari slamet; nanging amarga saka para pepilihan, kang wis kapilih dening Pangeran, wektune kaungkret.
21Ing nalika iku manawa ana wong kang kandha marang kowe: Delengen, Sang Kristus ana ing kene, utawa: Delengen, Sang Kristus ana ing kana, aja kokandel. 22Sabab bakal ana kristus-kristus lan nabi-nabi palsu kang jumedhul lan kang nganakake pratandha-pratandha sarta mukjijat-mukjijat, karepe, yen bisa arep nasarake para pepilihan. 23Mulane sing padha ngati-ati! Sadurunge iku kabeh wis Daktuturake marang kowe.”
Rawuhe Putraning Manungsa
Pasemon bab wit anjir
13:24-32
Mt 24:29-36; Lk 21:25-33
24 # Ye 13:10; Yk 32:7; Yl 2:10, 31, 3:15; Wy 6:12 “Ananging ing wektu iku, sawise kasangsaran mau kalakon, srengenge bakal dadi peteng lan rembulan ora bakal sumunar 25#Ye 34:14; Yl 2:10; Wy 6:13sarta lintang-lintang bakal padha tiba saka ing langit, apadene pikukuhing langit bakal padha gonjing. 26#Dn 7:13; Wy 1:7 Ing nalika iku wong bakal padha weruh Putraning Manungsa rawuh nitih mega kalawan ngagem sakabehing panguwasa lan kamulyane. 27Ing wektu iku uga para malaekate bakal kadhawuhan metu nglumpukake para pepilihane saka ing keblat papat, wiwit ing wekasaning bumi nganti tekan ing wekasaning langit.
28Padha methika piwulang saka ing pasemon bab wit anjir. Samangsa pangpange wiwit memes lan semi, iku kowe padha ngreti, yen wis meh mangsa panas. 29Mangkono uga, manawa kowe padha sumurup sakabehing kadadean mau, padha ngretia, yen wis cedhak, wis ana ing ngarep lawang. 30Aku pitutur marang kowe: Sanyatane jinis iki ora bakal sirna sadurunge iku mau kabeh kalakon. 31langit lan bumi bakal sirna, nanging tembungKu ora bakal sirna.
32 # Mt 24:36 Nanging mungguh dinane lan wayahe, iku ora ana wong kang sumurup, para malaekat ing swarga ora ngreti, sarta Sang Putra iya ora, kajaba mung Sang Rama.”
Piwulang bab jumaga
13:33-37
33“Sing padha ngati-ati lan tansah padha meleka! Sabab kowe ora padha sumurup ing wektune. 34#Mt 25:14; Lk 12:36-38Upamane kaya wong lelungan, omahe ditinggal dipasrahake marang para bature, kang siji-sijine padha diwenehi kawajiban dhewe-dhewe sarta juru regol dikon melek. 35Mulane padha meleka, awit kowe ora sumurup, kapan tekane kang duwe omah mau, ngarepake bengi, apa tengah wengi, utawa wayah jago kluruk, apa bangun esuk. 36iku supaya manawa dheweke teka, aja nganti kowe tinemu lagi turu. 37Apa kang wis Dakpangandikakake marang kowe, iku Dakwarahake marang sakabehing wong: Padha meleka!”

Currently Selected:

MARKUS 13: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in