YouVersion Logo
Search Icon

Wiwitan 5

5
Turunané Adam
5:1-32
1 # Wi 1:27, 28 Iki turunané Adam. Waktu Gusti Allah nggawé Adam, sing nggawé mada-rupa karo Gusti Allah. 2#Mat 19:4; Mrk 10:6Digawé lanang lan wadon lan pada diberkahi lan diarani: “Manungsa”, ya kuwi ing nalikané pada digawé. 3Bareng Adam umur 130 taun, terus nduwé anak sing pada rupané lan gambaré, dijenengaké: Sèt. 4Sakwisé nduwé anak Sèt, Adam ijik nduwé umur 800 taun menèh, lan nduwé anak lanang lan wadon. 5Dadi umuré Adam 930 taun, terus ninggal ndonya.
6Waktu Sèt umur 105 taun, nduwé anak Enos. 7Sakwisé anak Enos, Sèt ijik nduwèni umur 807 taun menèh, lan nduwé anak lanang lan wadon. 8Dadiné umuré Sèt 912 taun, terus ninggal ndonya.
9Waktu Enos umur sangang puluh taun, nduwé anak. 10Sakwisé nduwé anak Kénan, Enos ijik nduwèni umur 815 taun menèh, lan nduwé anak lanang lan wadon. 11Dadi umuré Enos 905 taun, terus ninggal ndonya.
12Waktu Kénan umur pitung puluh taun, nduwé anak Mahalalèl. 13Sakwisé nduwé anak Mahalalèl, Kénan ijik nduwèni umur 840 taun menèh, lan nduwé anak lanang lan wadon. 14Dadi umuré Kénan 910 taun, terus ninggal ndonya.
15Waktu Mahalalèl umur suwidak lima taun, nduwé anak Yarèd. 16Sakwisé nduwé anak Yarèd, Mahalalèl ijik nduwé umur 830 taun menèh, lan nduwé anak lanang lan wadon. 17Dadi umuré Mahalalèl 895 taun, terus ninggal ndonya.
18Waktu Yarèd umur 162 taun, nduwé anak Hénokh. 19Sakwisé nduwé anak Hénokh, Yarèd ijik nduwèni umur 800 taun menèh, lan nduwé anak lanang lan wadon. 20Dadi umuré Yarèd 962 taun, terus ninggal ndonya.
21Waktu Hénokh umur suwidak lima taun, terus nduwé anak Métusalah. 22Hénokh sakwisé nduwé anak Métusalah mau, mlakuné manut karo Gusti Allah, lan ijik dikèkké umur 300 taun, lan dikèkké anak lanang lan wadon. 23Dadi umuré Hénokh telung atus suwidak lima taun. 24#Ibr 11:5; Yud 1:14Hénokh mlakuné rumaket karo Gusti Allah, terus ora ana, awit wis diangkat karo Gusti Allah.
25Waktu Métusalah umur 187 taun, nduwé anak Lamèk. 26Sakwisé nduwé anak Lamèk, Métusalah ijik nduwèni umur 782 taun, lan nduwé anak lanang lan wadon. 27Dadi umuré Métusalah 969 taun, terus ninggal ndonya.
28Waktu Lamèk umur 100 wolung puluh loro taun, nduwé anak lanang, 29kuwi dijenengaké Noah, lan ngomong: Botyah iki bakal ngekèki panglipuran marang kita ing sak njeruhné penggawéan kita sing ngrekasa banget ing bumi sing wis kena ing paukuman GUSTI iki. 30Sakwisé nduwé anak Noah, Lamèk ijik nduwèni umur 595 taun, lan dikèkké anak lanang lan wadon. 31Dadi umuré Lamèk 777 taun, terus ninggal ndonya.
32Waktu Noah umur 500 taun, nduwé anak Sèm, Ham lan Yafèt.

Currently Selected:

Wiwitan 5: KJS17

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in