YouVersion Logo
Search Icon

ZEFANYA 2

2
Panguwuh supaya mratobat
2:1-3
1He, bangsa kang ora duwe isin, padha dimempeng lan nglumpuka, 2sadurunge kowe padha digusah kaya mrambut kabur ing angin; sadurunge katempuh ing bentering bebendune Pangeran Yehuwah, sadurunge katekan ing dinaning bebendune Sang Yehuwah. 3He, sakehe wong ing nagara kang andhap-asor, kang netepi angger-anggere Sang Yehuwah, padha ngupayaa Panjenengane, ngupayaa kaadilan, ngupayaa andhap-asor, bokmanawa kowe bakal padha kaayoman ing dinane Pangeran Yehuwah.
Paukuman tumrap para bangsa
2:4-15
4 # Ye 14:29-31; Ym 47:1-7; Yk 25:15-17; Yl 3:4-8; As 1:6-8; Za 9:5-7 Anadene Gaza bakal ditinggal ing wong, lan Askelon dadi sepi; ing wayah tengange para kang manggon ing Asdod bakal katundhungan sarta Ekron bakal kaobrak-abrik. 5Bilai kowe para wong kang manggon ing Dhaerah Pasisir Sagara, kowe bangsa Kreti! Pangandikane Pangeran Yehuwah marang kowe mangkene: He Kanaan, tanahe wong Filisti! Ingsun bakal ngrisak marang sira, nganti wong kang ngenggoni sira ora ana maneh. 6Dhaerah Pesisir Sagara bakal dadi panggonane para pangon lan kanggo kandhang wedhus kang kapageran. 7Apadene dadi pandumane kekarening turune Yehuda; ana ing kono anggone angon lan ing wayah sore padha ngaso ing omah-omahe Askelon; marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe bakal nggatosake turune Yehuda sarta mulihake kaanane. 8#Ye 15:1–16:14, 25:10-12; Ym 48:1–49:6; Yk 21:28-32, 25:1-11; As 1:13-15“Ingsun wus midhanget pamoyoke Moab, lan pangala-alane bani Amon, anggone memada marang umatingSun, sarta ngumukake awake tumrap wewengkone umatingSun iku. 9#Pd 19:24Mulane, demi Ingsun agesang, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, Allahe Israel –: Moab bakal dadi padha kaya Sodom lan bani Amon kaya Gomora, yaiku dadi panggonan kang kathukulan lateng sarta pamelikan uyah, lan dadi sepi mamring ing salawas-lawase. Kekarene umatingSun bakal njarah-rayah tanah-tanah iku lan kekarene bangsa iku bakal ngebeki tanah-tanah iku dadi pusakane.” 10Iku minangka piwalesing piangkuhe, marga wus padha memada lan ngegungake dhiri marang umate Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi. 11Pangeran Yehuwah bakal nandukake kang nggegirisi, yaiku nyirnakake para allah ing salumahe bumi, temah saben bangsa ing dhaerah pasisir, bakal padha sujud marang Panjenengane, saka ing panggonane dhewe-dhewe. 12#Ye 18:1-7Sira uga, he wong Etiopia, bakal padha mati dening pedhangingSun. 13#Ye 10:5-34, 14:24-27; Na 1:1–3:19Pangeran bakal ngagagake astane mangalor, bakal ngrusak Asyur, lan ndadosake Niniwe sepi mamring, garing kaya pasamunan. 14Lan pepanthan kewan-kewan bakal manggon ing satengahe, yaiku sawernane kewan alasan; manuk cangak lan bango thonthong padha nginep ing krebiling sakane; manuk buntung bakal ngoceh ana ing cendhela, manuk gagak ana ing ngarep lawang: Pasangan blabag kayu eres wus kabukakan. 15Iku kaanane kutha kang giyak-giyak, kang wong-wonge padha ayem pamanggone, kang duwe osik ing atine mangkene: “Mung aku sing ana, ora ana liyane!” Mulane iya banjur wus dadi ludhesan, kanggo pasabane kewan-kewan alasan. Saben wong liwat ing kono bakal padha ngeses lan kipat-kipat tangan.

Currently Selected:

ZEFANYA 2: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy