YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 96

96
MASMUR 96
Gusti Allah, Gusti lan Hakim ing saindenging jagad
96:1-13
1 # 1Bb 16:23-33 Padha ngluhurna Pangeran Yehuwah kalawan kidung anyar,
he wong salumahing bumi, padha ngidunga kagem Pangeran Yehuwah!
2Padha ngidunga kagem Sang Yehuwah, luhurna asmane,
peparinge karahayon iku wartakna ing sadina-dina.
3Padha nyaritakna kamulyane ana ing antarane para bangsa,
lan kaelokane ana ing antarane sakehing suku bangsa.
4Amarga Pangeran Yehuwah iku mahaagung lan banget pinuji-puji,
sarta nggegirisi ngungkuli sakehing para allah.
5Ujer sakehing allahe para bangsa iku tanpa guna,
nanging Pangeran Yehuwah iku kang nitahake langit,
6kaagungan lan kamulyan ana ing ngarsane,
karosan lan kaurmatan ana ing papan pasucene.
7 # Ms 29:1-2 He sakehing para suku bangsa, marang Pangeran Yehuwah,
iya mung marang Pangeran Yehuwah kamulyan lan karosan iku!
8Pangeran Yehuwah caosana kamulyaning asmane,
nggawaa pisungsung lan sebaa marang ing platarane.
9Padha sujuda marang Sang Yehuwah kalawan manganggo kasucen,
he sawrataning bumi kabeh, gumetera ana ing ngarsane.
10Padha undhangna ana ing antarane para bangsa:
“Pangeran Yehuwah iku Raja!
Sanyata jagad iku madeg santosa, ora goyang,
Panjenengane bakal ngadili para bangsa kalawan kabeneran.”
11Langit kareben bungah-bungah, lan bumi surak-surak,
sarta segara dalah saisine kareben padha gumuruh!
12Ara-ara dalah saisine kareben sukarena;
ing kono sakehing wit-witan ing alas padha surak-surak,
13ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, amarga Panjenengane rawuh,
sabab rawuhe bakal ngadili jagad,
jagad bakal dihakimi kalawan adil,
lan para bangsa kalawan kasetyane.

Currently Selected:

JABUR 96: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in