YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 81

81
MASMUR 81
Kidungan nalika nganyarake prajanjian
81:1-17
1Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Gitit. Anggitane Asaf.
2Padha surak-suraka kagem Gusti Allah, kang dadi kasantosan kita,
padha surak-suraka kagem Gusti Allahe Rama Yakub.
3Padha ngidunga karo trebangan
lan clempungan, kang laras binarung swaraning slukat.
4 # Wi 10:10 Ngunekna kalasangka ing tanggal sapisan,
ing tanggal purnama ing dina riyaya kita.
5Amarga bab iku dadi pranatan tumrap bangsa Israel,
sarta dadi angger-angger saka Gusti Allahe Rama Yakub.
6Kang pinacak dadi pepakon marang Rama Yusuf,
nalika Gusti Allah miyos nglurugi tanah Mesir.
Aku krungu bangsa kang aku durung tau weruh.
7“Pundhake wus Sunuwalake saka anggone memikul,
sarta tangane saka ing kranjanging pikulan;
8 # Pa 17:7; Wi 20:13 sajroning karubedan sira padha sesambat, Ingsun banjur ngentasake sira,
Ingsun nyembadani panyuwunira saka ing pasingidaning gludhug,
Ingsun wus nyoba marang sira ana ing sacedhake banyu Meriba. (Selah)
9He para umatingSun padha ngrungokna, Ingsun arsa paring pepenget marang sira;
he Israel, manawa sira gelem ngrungokake marang dhawuhingSun.
10 # Pa 20:2-3; PT 5:6-7 Ing tengahira aja ana allah liyane,
sira aja sujud marang allah ngamanca.
11Iya Ingsun iki Yehuwah Allahira,
kang ngluwari sira saka ing tanah Mesir,
cangkemira angapna kang amba, nuli bakal Sunkebaki.
12Nanging umatingSun ora ngrungokake marang swaraningSun,
sarta Israel ora seneng marang Ingsun.
13Mulane banjur Suntogake atine kang wangkot iku,
cikben padha nglakoni sakarepe dhewe.
14Ah, saupama umatingSun ngrungokake marang dhawuhingSun,
saupama Israel ngambah ing dalan pitedahingSun.
15Sanalika iku uga mungsuhe mesthi Suntelukake,
sarta mungsuhe padha ngrasakake antebing astaningSun.
16Para wong kang sengit marang Pangeran Yehuwah, bakal nyembah ndilat sampeyane,
lan iki wis dadi nasibe ing salawas-lawase.
17Nanging umatingSun bakal Sunparingi mangan gandum kang becik dhewe
malah bakal padha Sunwaregi kalawan madu saka ing parang.”

Currently Selected:

JABUR 81: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in