YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 63

63
MASMUR 63
Kangen marang Gusti Allah
63:1-12
1 # 1Sa 23:14 Masmur anggitane Prabu Dawud, nalika ana ing pasamunan Yahuda.
2Dhuh Allah, Paduka punika Allah kawula, kawula ngupadosi Paduka,
nyawa kawula ngorong dhumateng Paduka;
daging kawula kangen dhumateng Paduka;
kados siti ingkang garing lan gundhul, kasatan toya.
3Kados makaten anggen kawula tumenga dhumateng Paduka wonten ing pasucen,
kalayan nyawang dhateng karosan saha kamulyan Paduka.
4Amargi sih-kadarman Paduka langkung sae tinimbang gesang;
lambe kawula badhe memuji asma Paduka.
5Inggih makaten punika anggen kawula badhe ngluhuraken Paduka ing salaminipun kawula gesang,
ngulukaken tangan kawula margi saking asma Paduka.
6Nyawa kawula kados katuwukan ing gajih saha sungsum,
kalayan lambe ingkang asurak-surak
cangkem kawula ngaturaken pamuji.
7Manawi kawula wonten ing patileman kengetan dhumateng Paduka,
sadalu muput anggen kawula semedi dhumateng Paduka,
8sayektosipun Paduka sampun dados pitulungan kawula,
saha kawula saged surak-surak wonten ing aubing swiwi Paduka.
9Nyawa kawula rumaket dhumateng Paduka,
sarta asta tengen Paduka nyepengi kawula.
10Nanging tiyang ingkang sami ngangkah dhateng nyawa kawula,
sami dhawah ing telenging bumi;
11sami badhe kaulungaken dhateng ing pangwaosing pedhang
tuwin badhe dados mangsanipun segawon ajag.
12Nanging Sang Prabu badhe suka-suka, amargi saking Gusti Allah;
sok tiyanga ingkang supaos demi Gusti Allah, badhe nglairaken panggunggung
amargi sadaya tiyang cidra sami kabungkem cangkemipun.

Currently Selected:

JABUR 63: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in