YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 62

62
MASMUR 62
Rasa ayem marga cedhak karo Gusti Allah
62:1-13
1Kanggo lurah pasindhen.
Miturut: Yedutun. Masmur anggitane Prabu Dawud.
2Amung yen cedhak karo Gusti Allah aku ngrasa ayem,
kaslametanku iku saka ing Panjenengane.
3Mung Panjenengane kang dadi peparang lan kaslametanku,
kutha betengku, aku ora bakal gloyoran.
4Sapira suwene anggonmu padha arep ngroyok sawijining wong,
arep kokremuk, he kowe kabeh,
kaya tembok kang dhoyong utawa tembok kang arep rubuh?
5Sedyane mung arep njorogake wong mau saka ing kalungguhane kang dhuwur,
padha dhemen goroh,
cangkeme padha ngucapake berkah,
nanging batine padha ngipat-ipati. (Selah)
6Kantentremanku mung ana ing Gusti Allah,
amarga kang dakarep-arep iku pinangkane saka ing Panjenengane.
7Mung Panjenengane kang dadi peparang lan kaslametanku,
kutha betengku, aku ora bakal gloyoran.
8Ana ing Gusti Allah dununging kaslametan lan kamulyanku;
peparangku lan kasantosanku, sarta pangayomanku iku Gusti Allah.
9He umat, tansah padha kumandela marang Panjenengane,
sarasaning atimu sokna ana ing ngarsane,
Gusti Allah iku pangayoman kita. (Selah)
10Satemene wong asor iku mung angin,
para wong kang mulya iku mung pagorohan;
yen kabobot ana ing timbangan njomplang mandhuwur,
amarga luwih entheng katimbang angin.
11Aja ngandel marang panindhesan,
aja nduweni pangarep-arep kang tanpa isi marang barang rayahan;
manawa mundhak bandhamu,
atimu aja rumaket mrono.
12Gusti Allah ngandika sapisan,
rong prakara kang dakrungu,
manawa panguwasa iku pinangkane saka Gusti Allah,
13 # Ay 34:11; Ym 17:10; Mt 16:27; Rm 2:6; Wy 2:23 saha, Pangeran, sih-kadarman punika ugi saking Paduka;
amargi Paduka paring piwales dhateng saben tiyang miturut pandamelipun.

Currently Selected:

JABUR 62: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in