YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 42

42
Jilid II: MASMUR 42–72
Kangen marang Gusti Allah
42:1–43:5
1Kanggo lurah pasindhen. Kidung piwulang anggitane bani Korakh.
2Kados pangorongipun sangsam dhateng toyaning lepen,
inggih makaten kangening nyawa kawula dhumateng Paduka, dhuh Allah.
3Nyawaku ngorong marang Allah,
marang Allah kang gesang,
besuk kapan anggonku diparengake
sowan ndeleng Gusti Allah?
4Luhku kang dakpangan
rina lan wengi
awit sadina muput aku dicalathoni ing wong mangkene:
“Allahmu ana ing ngendi?”
5Iki bakal dakeling-eling,
sajrone nyawaku sedhih lan lesu:
sarehne wonge akeh banget
kapriye bisaku maju
ndhisiki wong-wong iku menyang ing padalemaning Allah
kalawan surak-surak lan ngrepekake kidung panuwun,
ana ing karameaning wong-wong kang padha nganakake pahargyan.
6Dhuh nyawaku, yagene kok tumungkul,
lan ngolang-ngaling ana ing jeroku?
Ngarep-arepa marang Allah,
awit Panjenengane bakal dakpuji, Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku!
7Nyawa kawula tumungkul wonten ing nglebet kawula,
mila kawula lajeng kengetan dhumateng Paduka,
saking ing pasitening benawi Yarden lan ing pareden Hermon,
saking ing redi Mizar.
8Samodra agung nguwuh-uwuh dhateng sami samodra agung,
sareng kaliyan kumrasaking grojogan Paduka;
kawula karoban ing sakathahing ombak saha alun Paduka.
9Ing wayah rina Pangeran Yehuwah ndhawuhake sih-kadarman,
sarta ing wayah bengi aku ngrepekake kekidungan,
pandonga marang Gusti Allahing uripku.
10Unjukku marang Allah peparangku mangkene:
“Punapaa dene Paduka boten ngengeti kawula?
Punapaa dene kawula kedah gesang kalayan mangangge bagor
margi saking panganiayanipun satru?”
11Tiyang ingkang nenacad kawula punika,
kados nuwek-nuweka balung kawula,
sadinten muput tansah wicanten dhateng kawula makaten:
“Allahmu ana ing ngendi?”
12Dhuh nyawaku, yagene kok tumungkul?
Yagene kok ngolang-ngaling ana ing jeroku?
Ngarep-arepa marang Gusti Allah! Awit Panjenengane dakpuji maneh,
Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku!

Currently Selected:

JABUR 42: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in