YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 41

41
MASMUR 41
Pandonga nyuwun kawarasan
41:1-14
1Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.
2Rahayu wong kang nggatekake marang wong kang ringkih!
Wong iku bakal dipitulungi Sang Yehuwah ing wektu nandhang sangsara.
3Pangeran Yehuwah bakal ngayomi lan ngopeni nyawane,
temah kasebut wong begja ana ing bumi;
Paduka boten badhe marengaken piyambakipun dipun angge dolanan dening mengsahipun!
4Manawa kecandhak ing lelara, dibiyantu dening Sang Yehuwah ana ing paturone,
Paduka sarasaken babar pisan sesakitipun wonten ing patilemanipun.
5Mungguh aku, aturku mangkene: “Dhuh Yehuwah kawula mugi Paduka welasi,
kawula mugi Paduka sarasaken, amargi anggen kawula damel dosa punika dhumateng Paduka.”
6Satruku padha nyatur aku ala:
“Besuk kapan matine wong iku, sarta sirnane jenenge?”
7Wong kang tilik aku, rembuge goroh:
atine kebak piala,
bareng metu iku diwartak-wartakake.
8Sakehing wong kang sengit marang aku padha bisik-bisik bab aku,
padha ngrantam piala marang aku:
9“Wong iku wis kecandhak ing lelara kang mbebayani,
anggone ngleleh ora bakal bisa tangi maneh.”
10 # Mt 26:23; Mk 14:20; Lk 22:21; Yo 13:18 Dalah mitraku kang dakpracaya,
kang kembul mangan karo aku,
iku uga ngethungake tungkake marang aku.
11Nanging Paduka dhuh Yehuwah, mugi karsaa melasi kawula saha njejegaken kawula,
kawula lajeng badhe males dhateng tiyang-tiyang punika.
12Margi saking makaten kawula sumerep, bilih Paduka karenan dhumateng kawula,
punika manawi kawula boten dados margining satru kawula lajeng asurak-surak.
13Wondene menggah ing kawula, Paduka ngekahaken kawula margi saking temen kawula,
sarta Paduka jejegaken wonten ing ngarsa Paduka
ing salami-laminipun.
14 # Ms 106:48 Pinujia Pangeran Yehuwah, Allahe Israel,
wiwit ing kalanggengan tumeka ing kalanggengan!
Amin, Amin.

Currently Selected:

JABUR 41: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in