YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 36

36
MASMUR 36
Durakane wong dosa lan sih-rahmate Gusti Allah
36:1-13
1Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud abdine Sang Yehuwah.
2 # Rm 3:18 Dosa iku celathu marang wong duraka ana ing sajroning atine;
ing batine ora tinemu rasa wedi-asih marang Allah,
3sabab wong mau mbebujuk marang awake dhewe,
nganti wong nyumurupi kaluputane lan sengit marang iku.
4Tembung kang kawetu saka cangkeme iku isi piala lan kaculikan,
wis mari anggone tumindak wicaksana lan nglakoni kabecikan.
5Ana ing paturone ngrantam-ngrantam piala,
kang diambah dalan kang ora becik,
sarta ora nyirik piala.
6Dhuh Yehuwah, sih-kadarman Paduka punika sundhul ing akasa,
saha kasetyan Paduka dumugi ing mega.
7Kaadilan Paduka punika kados redi-redining Allah,
pancasan Paduka kados samodra agung ingkang nggegirisi.
Dhuh Yehuwah Paduka ingkang mitulungi manungsa lan kewan.
8Iba-iba ajining sih-kamirahan Paduka, dhuh Allah!
Para anaking manungsa sami ngungsi dhateng aubing swiwi Paduka.
9Sami katuwukan ing gajih saking padaleman Paduka,
sarta Paduka paringi ngombe saking lepening kasukan Paduka.
10Amargi tuking gesang punika wonten ing Paduka;
anggen kawula ningali pepadhang namung wonten ing pepadhang Paduka.
11Kamirahan Paduka mugi kaluberna dhateng tiyang ingkang sami tepang kaliyan Paduka,
sarta kaadilan Paduka dhateng ing tiyang ingkang tulus manahipun.
12Kawula mugi sampun ngantos kaicak-icak ing sukunipun tiyang gumunggung,
utawi katundhung ing tanganipun tiyang duraka.
13Lah punika para tiyang ingkang nglampahi piawon sami dhawah;
sami kabanting ngantos boten saged tangi malih.

Currently Selected:

JABUR 36: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in