YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 24

24
MASMUR 24
Rawuhe Ratuning Kamulyan ing Padalemaning Allah
24:1-10
1 # 1Kr 10:26 Masmur anggitane Prabu Dawud.
Bumi dalah saisine kabeh kagungane Sang Yehuwah,
mangkono uga jagad lan kang padha ngenggoni.
2Awit Panjenengane kang nitahake kalawan ditalesi segara
ditetepake tumumpang ing kali-kali.
3“Sapa kang kepareng munggah ing gununge Sang Yehuwah?
Sapa kang kepareng ngadeg ana ing padalemane kang suci?”
4 # Mt 5:8 “Wong kang resik tangane lan suci atine,
kang ora masrahake nyawane marang kaculikan,
lan ora nglairake sumpah goroh.
5Iku bakal kaparingan berkah dening Sang Yehuwah,
sarta kaadilan dening Allah kang njalari karahayone.
6Iku bangsane wong kang padha takon ing bab Penjenengane,
ingkang sami ngupadosi wedana Paduka, dhuh Allahipun Rama Yakub.” (Selah)
7He gapura, padha dhuwurna pucakmu.
He lawang langgeng, padha kangkata,
supaya Sang Ratuning Kamulyan tindak lumebet!
8“Sang Ratuning Kamulyan iku sapa?”
“Iku Sang Yehuwah kang kwaos lan prakosa,
Sang Yehuwah prakosa ing prang!”
9He gapura, padha dhuwurna pucakmu,
he lawang kawak padha kangkata,
supaya Sang Ratuning Kamulyan tindak lumebet!
10“Sang Ratuning Kamulyan iku sapa?”
“Iku Sang Yehuwah, Gustine balatantra,
Iku Sang Ratuning Kamulyan.” (Selah)

Currently Selected:

JABUR 24: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in