YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 2

2
MASMUR 2
Ratu kang jinebadan dening Sang Yehuwah
2:1-12
1 # PR 4:25-26 Geneya para bangsa padha mampang-mampang wringuten,
lan para suku bangsa padha ngangen-angen kang tanpa guna?
2Para raja ing bumi padha siyaga ing perang
lan para panggedhe sakuthon
arep ngayoni Sang Yehuwah lan Sang Jebadane, pangucape:
3“Payo padha medhot dhadhunge
lan mbuwang kendharate.”
4Panjenengane kang lenggah ana ing swarga iku gumujeng,
Sang Yehuwah moyoki wong-wong mau.
5Nuli padha didhawuhi kalawan bendu
lan digirisake kalawan bramantyane:
6“Ingsun kang wus ngadegake ratuningSun
ana ing Sion, gunungingSun kang suci.”
7 # PR 13:33; Ib 1:5, 5:5 Aku arep ngandhakake kekancingane Sang Yehuwah;
pangandikane marang aku: “Sira iku putraningSun!
Ingsun kang mutrakake Sira ing dina iki.
8Sira nyenyuwuna marang Ingsun,
mesthi Sira Sunparingi para bangsa dadi pusakanira,
lan pungkasaning bumi dadi darbekira.
9 # Wy 2:26-27, 12:5, 19:15 Iku bakal Sira ejur kalawan gada wesi,
bakal Sira remuk kaya grabahing kundhi.”
10Mulane, he para raja, padha tumindaka kang wicaksana;
para hakim ing bumi, padha ngrungokna marang pepeling!
11Padha ngabektia marang Sang Yehuwah kanthi pakering;
lan sungkemana sampeyane kanthi gumeter,
12supaya Panjenengane aja paring deduka, temah kowe tumpes ana ing dedalan,
amarga bebendune gampang banget anggone mulad-mulad.
Rahayu sakehing wong kang ngungsi marang Panjenengane!

Currently Selected:

JABUR 2: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in