YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 18

18
MASMUR 18
Kidung pamuji sokur anggitane Prabu Dawud
18:1-51
1 # 2Sa 22 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane abdine Sang Yehuwah, yaitu Prabu Dawud kang ngunjukake wirasane kidung iki marang Sang Yehuwah, nalika wus kaluwaran dening Sang Yehuwah saka ing cengkeremaning sakehing mungsuhe lan saka ing astane Sang Prabu Saul.
2Unjuke mangkene:
“Kawula tresna dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah ingkang dados karosan kawula!
3Dhuh Yehuwah, peparang kawula, beteng kawula saha ingkang ngluwari kawula,
Allah kawula ingkang dados peparang pangauban kawula,
tetameng kawula, singating karahayon kawula, kitha beteng kawula!
4Pinujia Pangeran Yehuwah: mangkono unjukku kalawan sora;
temah aku diuwalake saka ing mungsuhku.
5Aku tinalikung ing tetalining pati,
sarta tinempuh ing banjiring karusakan.
6Aku digubed ing jireting teleng palimengan,
kalajireting pati ngadhang-adhangi aku.
7Sajroning karubedanku aku nyebut marang Sang Yehuwah;
sarta sesambat marang Allahku nyuwun tulung.
Panjenengane tumuli miyarsakake swaraku saka ing kedhatone,
sarta pasambatku nyuwun tulung tumeka ing talingane.
8Ing kono bumi banjur horeg gonjang-ganjing,
sarta dhasar-dhasaring gunung padha horeg lan gumeter,
amarga saka mulad-mulading bebendune.
9Kukus kumelun saka ing granane,
saka ing tutuke medal geni kang memangsa,
mawa mengangah metu saka ing Panjenengane.
10Langit ditiyungake, nuli tumedhak,
mendhung nggameng ana ing sangisoring sampeyane.
11Panjenengane nitih Kerub, banjur mabur
lan nglayang ana ing swiwining angin.
12Pepeteng ing sakubenge kadadekake pasingidane,
kang dadi tarube:
yaiku udah kang peteng lan mendhung kang kandel.
13Marga saka cahya kang sumunar ing ngarsane mendhunge padha ilang
bareng karo udan es lan mawa mengangah.
14Sang Yehuwah banjur gumludhug ana ing langit,
Kang Mahaluhur ngulukake swarane.
15Jemparing-jemparinge dilepasake temah mungsuhe padha buyar,
nlorongake bledheg, satrune padha bingung.
16Dhasar-dhasaripun seganten lajeng sami katingal,
saha tetalesing jagad sami kaungkaban
amargi saking bebendu Paduka, dhuh Yehuwah,
saha margi saking bantering abab saking grana Paduka.
17Panjenengane tumuli mulung astane saka ing ngaluhur,
aku banjur diasta,
lan kaentasake saka ing banjir.
18Aku kauwalake saka ing mungsuhku kang rosa
lan saka ing wong-wong kang padha sengit marang aku,
amarga iku kakuwatane ngungkuli aku.
19Iku wus padha nyegat aku ing nalikane aku lagi kacilakan,
nanging Sang Yehuwah dadi pikukuhku;
20Panjenengane nuntun aku metu menyang ing papan kang omber,
aku diluwari amarga karenan marang aku.
21Sang Yehuwah males aku miturut ing kabeneranku,
ngganjar aku miturut karesikaning tanganku,
22amarga aku ngantepi anggonku ngambah ing margining Sang Yehuwah,
lan aku ora tumindak duraka marang Allahku.
23Awit aku nggatekake sakehing angger-anggere
lan pranatane ora daklirwakake,
24saparipolahku tanpa cacad ana ing ngarsane,
lan aku tansah ngedohi kaluputan.
25Mulane aku diwales Sang Yehuwah miturut kabeneranku,
iya miturut ing resiking tanganku ana ing ngarsane paningale.
26Tumrap tiyang ingkang setya Paduka ugi tumindak setya,
tumrap tiyang ingkang tanpa cacad Paduka ugi tumindak tanpa cacad.
27Tumrap tiyang ingkang suci, Paduka inggih tumindak suci,
nanging tumraping tiyang para-cidra Paduka inggih tumindak mbulat-mbulet.
28Amargi bangsa ingkang katindhes Paduka pitulungi,
nanging mripat ingkang kumingsun Paduka soraken.
29Jer Paduka ingkang damel murubing dilah kawula;
Sang Yehuwah Allah kawula ingkang madhangaken pepeteng kawula.
30Amargi kaliyan Paduka kawula wantun nanggulangi grombolan,
kaliyan Allah kawula, kawula wantun nglumpati balowarti.
31Anadene Gusti Allah iku margine sampurna;
kasagahane Sang Yehuwah iku murni;
Gusti Allah dadi tetameng tumrap sakehing wong
kang ngayom marang Panjenengane.
32Amarga sapa ta kang jumeneng Allah aliya Sang Yehuwah,
lan sapa kang dadi peparang kejaba Gusti Allah kita?
33Gusti Allah, iya Panjenengane iku kang nyabuki aku kalawan karosan,
kang ngratakake dalanku;
34 # Hb 3:19 kang ndadekake sikilku kaya sikiling menjangan
lan ngadegake aku ana ing pagunungan;
35kang mulang perang tanganku,
nganti lengenku bisa menthang gandhewa tembaga.
36Paduka maringi tetamenging karahayon dhateng kawula,
asta tengen Paduka nyanggi kawula,
sih-palimirma Paduka damel luhur kawula.
37Paduka maringi papan ingkang omber dhumateng jangkah kawula,
temah polok kawula boten ngantos kesliyo.
38Mengsah kawula sami kawula oyak, ngantos kecepeng,
sarta kawula boten wangsul-wangsul saderengipun tumpes sadaya;
39inggih sami kawula gebag ngantos boten saged tangi malih,
sami ambruk wonten ing sangandhapipun tlapakan kawula.
40Kawula sampun Paduka sabuki klayan karosan tumrap ing perang;
ingkang sami nglawan kawula punika sampun Paduka telukaken wonten ing sangandhaping pangwaos kawula.
41Mengsah kawula sampun Paduka damel sami keplajeng saking ngajeng kawula,
sarta para tiyang ingkang sami sengit dhumateng kawula sami kawula tumpes.
42Sami sesambat nedha tulung, nanging boten wonten ingkang mitulungi
sami sesambat dhumateng Sang Yehuwah, nanging boten kaparingan wangsulan.
43Sami kawula ejur-ejur ngantos lembat kados lebu ingkang kabur ing angin,
kawula bucal kados blethok ing margi.
44Paduka sampun nguwalaken kawula saking bebantahaning rakyat;
kawula Paduka angkat dados pengagenging para bangsa;
bangsa ingkang boten tepang kaliyan kawula punika sami ngabdi dhateng kawula;
45kupingipun saweg mireng kawula kemawon,
lajeng sami mbangun miturut dhumateng kawula;
tiyang ngamanca sami sujud lan ngrampek-ngrampek dhateng kawula.
46Tiyang-tiyang ngamanca sami nglumpruk tanpa bayu,
sarta sami medal nilar beteng-betengipun klayan gumeter.
47Sang Yehuwah gesang! Pinujia peparangku,
linuhurna Gusti Allah, Juru Slametku.
48Gusti Allah kang malesake aku,
lan wus nelukake para bangsa marang sangisoring pangwasaku,
49kang wus ngluwari aku saka mungsuhku.
Paduka malah sampun ngluhuraken kawula ngungkuli para tiyang ingkang nglawan kawula;
kawula Paduka luwari saking tiyang ingkang ambek siya.
50 # Rm 15:9 Pramila dhuh Yehuwah, kawula badhe ngidungaken pamuji sokur wonten ing antawisipun para bangsa,
asma Paduka badhe kawula luhuraken kanthi kidung masmur.
51Panjenengane ngganjar kaslametan kang linuwih marang raja kang kajumenengake,
lan paring sih-rahmat marang kang dijebadi,
yaiku marang Prabu Dawud lan satedhak-turune nganti ing salawase.”

Currently Selected:

JABUR 18: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in