YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 133

133
MASMUR 133
Pasaduluran kang rukun
133:1-3
1Kidung jiyarah anggitane Prabu Dawud.
Saiba prayoga lan endahe,
manawa para sadulur kang manggon saomah padha rukun.
2Iku kaya lenga jebad adi ana ing sirah
kang ndlewer marang jenggot,
kang ndlewer marang jenggote Imam Harun
lan marang guloning jubahe.
3Kayadene ebune gunung Hermon
kang mudhun ing gunung-gununge Sion.
Awit iya ana ing kono Pangeran Yehuwah anggone ndhawuhake berkah
lan urip nganti ing salawase.

Currently Selected:

JABUR 133: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in