YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 114

114
MASMUR 114
Lelakon kang elok, nalika Israel metu saka ing tanah Mesir
114:1-18
1 # Pa 12:51 Nalika Israel budhal saka ing tanah Mesir,
nalika turune Yakub metu saka ing tengahe bangsa kang seje basane,
2nuli Yahuda dadi papan pasucene,
Israel dadi wewengkoning pangwaose.
3 # Pa 14:21; Ys 3:16 Segara weruh banjur lumayu,
bengawan Yarden bali mandhuwur,
4gunung-gunung padha mencolot-mencolot kaya wedhus lanang,
tengger-tengger padha lincak-lincak kaya cempe.
5He segara, kena ngapa dene kowe kok lumayu?
He bengawan Yarden, dene kowe bali mandhuwur,
6he gunung-gunung, dene kowe padha cecolotan kaya wedhus lanang?
He tengger-tengger, dene kowe padha lincak-lincak kaya cempe?
7Gumetera he bumi, ana ing ngarsane Pangeran,
ana ing ngarsane Gusti Allahe Rama Yakub,
8 # Pa 17:1-7; Wi 20:2-13 kang ngowahi parang dadi blumbang,
tuwin watu kang atos dadi sendhang.

Currently Selected:

JABUR 114: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in