YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 108

108
MASMUR 108
Pangucap sokur lan pandonga
108:1-14
1Kidung. Masmur anggitane Prabu Dawud.
2 # Ms 57:8-12 Manah kawula sampun cumawis, dhuh Allah,
kawula badhe ngidung, kawula badhe ngrepekaken masmur.
Tangia, heh nyawaku.
3He slukat lan clempung padha tangia!
bangbang wetan arep dakgugah.
4Kawula badhe ngunjukaken pamuji sokur dhumateng Paduka wonten ing satengahipun para bangsa, dhuh Yehuwah
saha badhe ngidungaken masmur kagem Paduka wonten ing tengahipun para suku bangsa;
5awit sih-kadarman Paduka punika agengipun ngungkuli langit,
saha kasetyan Paduka ngantos sundhul ing mega.
6Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngluhuraken sarira ngantos ngungkuli langit,
saha kamulyan Paduka supados ngungkulana bumi sadaya.
7 # Ms 60:7-14 Supados para kekasih Paduka sami saged oncat;
mugi Paduka kersaa maringi pangluwaran klayan asta Paduka tengen,
saha kersaa paring wangsulan dhumateng kawula.
8Gusti Allah wus ngandika ana ing pasucene:
“Ingsun arsa surak-surak;
tanah Sikhem bakal Sunbagi-bagi, lebak Sukot arep Sunukur,
9Gilead iku kagunganingSun, Manasye iku kagunganingSun,
Efraim iku tetoponging mastakaningSun,
Yehuda iku jungkating kapraboningSun,
10Moab iku papan pawijikaningSun,
Edom Sununcali trumpahingSun,
lan marga saka tanah Filisti
Ingsun asurak-surak.”
11Sapa kang bakal ngirid aku lumebu marang kutha kang santosa?
Sapa kang nuntun aku menyang ing tanah Edom?
12Dhuh Allah, punapa sanes Paduka piyambak ingkang sampun nampik kawula,
sarta boten miyos sesarengan kaliyan bala kawula, dhuh Allah?
13Paduka mugi karsaa paring pitulungan nglawan mengsah,
awit pambiyantunipun manungsa punika tanpa gina.
14Marga saka Gusti Allah, kita bakal padha nindakake panggawe-panggawe kang prawira,
sarta Gusti Allah piyambak bakal ngiles-iles para mungsuh kita.

Currently Selected:

JABUR 108: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in