YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 100

100
MASMUR 100
Ngluhurna Gusti Allah ana ing padalemane
100:1-5
1Masmur kanggo kurban atur panuwun.
He bumi kabeh, padha surak-suraka ana ing ngarsaning Yehuwah.
2Padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah kalawan sukarena,
padha sowan ing ngarsane kambi surak-surak!
3Padha sumurupa manawa Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah,
Panjenengane iku kang nitahake kita lan kita dadi kagungane,
umate lan pepanthan wedhus ngenngenane.
4 # 1Bb 16:34; 2Bb 5:13, 7:3; Ez 3:11; Ms 106:1, 107:1, 118:1, 136:1; Ym 33:11 Padha lumebua liwat ing gapurane kalawan memuji asmane,
lumebua ing platarane kalawan kidung pangalembana,
ngaturna pamuji sokur lan ngluhurna asmane.
5Amarga Pangeran Yehuwah iku becik,
sih-kasetyane iku kanggo ing salawase,
lan kasetyane lestari turun-tumurun.

Currently Selected:

JABUR 100: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in