YouVersion Logo
Search Icon

YEREMIA 10

10
Gusti Allah kang gesang lan para brahala
10:1-16
1He para turune Israel!
Padha ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah,
kang kadhawuhake marang kowe:
2Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:
“Sira aja nulad tindak-tanduke para bangsa,
aja kaget dening tandha-tandha ing langit,
sanadyan para bangsa padha giris marga saka iku.
3Kang padha dieringi para bangsa iku tanpa guna.
Brahala iku rak kayu kang ditegor ing wong ana ing alas,
kang digarap klawan tatah dening tangane tukang kayu?
4Kang direngga-rengga klawan emas lan salaka,
lan dikukuhake sarana paku lan palu,
supaya aja moyag-mayig.
5Brahala iku kayadene wong-wongan ing kebon timun,
ora bisa guneman,
kudu dijunjung ing wong,
amarga ora bisa lumaku.
Aja kokwedeni,
amarga brahala iku ora bisa manggawe ala
lan gawe becik iya ora bisa.”
6Boten wonten ingkang nyameni Paduka, dhuh Yehuwah!
Paduka punika agung lan asma Paduka agung
margi Paduka punika prakosa.
7 # Wy 15:4 Dhuh Rajanipun para bangsa,
sinten ingkang boten ajrih dhumateng Paduka?
Sayektos, sampun samesthinipun tiyang ajrih dhumateng Paduka,
amargi ing antawisipun para wicaksana panunggilanipun para bangsa,
saha ing antawisipun para ratunipun,
boten wonten ingkang nyameni Paduka!
8Brahala iku kabeh bodho lan gemblung,
piwulange dewa iku tanpa guna,
awit iku mung kayu walaka.
9Salaka blebekan digawa saka ing Tarsis
lan emas saka ing Ufas;
brahala iku gaweane tukang lan gaweaning tangane kemasan.
Sandhangane jarit wungu tuwa lan wungu nom,
kabeh gaweane para ahli.
10Nanging Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kang sejati,
Panjenengane iku Gusti Allah kang gesang,
lan Ratu kang langgeng.
Dedukane nggonjingake bumi
lan para bangsa ora bisa lestari urip karana bebendune.
11Sira ndhawuhana marang para wong iku mangkene:
“Para allah kang ora nitahake langit lan bumi
iku bakal sirna saka ing bumi
lan saka ing sangisoring langit iki.”
12Sang Yehuwah kang nitahake bumi sarana kakiyatane,
kang njejegake bumi sarana kawicaksanane
lan mbeber langit kanthi kalimpadane.
13Samangsa Panjenengane ngedalake swantene,
swaraning banyu ing langit gumuruh,
Panjenengane ngumbulake mega mendhung
saka poncoting bumi,
damel kilat binarung udan
lan ngwedalake angin saka ing perawatane.
14Saben manungsa iku nyatane bodho ora ngreti apa-apa
lan saben kemasan padha wirang marga saka reca garapane.
Awitdene reca cor-corane iku apus-apus,
ora duwe nyawa.
15Sakabehe iku tanpa guna,
garapan kang dadi wohing pamoyok,
lan kang bakal lebur samangsa kasiksa.
16Panjenengane kang dadi pandumane Yakub ora kaya mangkono kaanane,
amarga Panjenengane kang mangun samubarang kabeh,
lan Israel iku uamt kagungane,
asmane yaiku Sang Yehuwah,
Gustining kang sarwa dumadi.
Tanah Yehuda dadi sepi mamring
10:17-25
17He para wong kang ana ing pangepungan,
barang-barangmu gawanana saka ing nagara kene.
18Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah:
“Lah sapisan iki
Ingsun bakal mbuncang wong isining kutha iki,
lan bakal Sunrupekake, supaya padha krasa.”
19Adhuh cilaka aku, marga saka lelaraku,
tatuku ora bisa mari!
Aku nggagas: “Ah iki
kasusahan kang kudu daksandhang!”
20Kemahku wus rusak
lan taline wus pedhot kabeh.
Anak-anakku wus padha ninggal aku,
wus ora ana maneh,
wus ora ana kang ngadegake kemahku
lan kang menthang tendhaku.
21Sanyata, para pangon wus padha tanpa budi,
padha ora neges marang pitedahe Sang Yehuwah.
Mulane padha ora nemu begja,
lan sakehing kewan pepanthane padha pating blesar.
22Ana warta kang keprungu, unine:
Ana pageger gedhe kang bakal teka saka ing tanah lor,
kang bakal gawe kutha-kutha ing Yehuda
padha dadi sepi mamring, dadi pandhelikane asu ajag.
23Dhuh Sang Yehuwah, kawula mangretos,
bilih manungsa punika boten gadhah pangwaos
netepaken marginipun piyambak,
lan tiyang ingkang andon lampah boten gadhah
pangwaos netepaken jangkahipun.
24Dhuh Sang Yehuwah, kawula mugi Paduka perdi,
nanging ing samajadipun,
sampun klayan bebendu Paduka,
supados kawula sampun ngantos Paduka sirnakaken!
25Bebendu Paduka mugi Paduka esokaken
dhateng para bangsa ingkang boten tepang kaliyan Paduka
sarta dhateng para jinis ingkang sami boten nyebut asma Paduka,
amargi sampun sami mangsa Yakub ngantos telas
sarta padununganipun kadadosaken jugrugan.

Currently Selected:

YEREMIA 10: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

Video for YEREMIA 10