YESAYA 59
59
Dosa iku ngrerendheti karahayon
59:1-21
1Astaning Yehuwah iku sanyata ora cupet kagem paring karahayon,
lan pamirenge ora kurang landhep kagem miyarsakake;
2nanging kang dadi sesinggetan ing antarane kowe lan Gusti Allahmu
iku sakehing pialamu,
tuwin kang njalari Panjenengane asingidan ana ing ngarepmu,
satemah banjur ora mireng,
iku sakehing dosamu.
3Sabab tanganmu iku najis marga kuthah getih
sarta drijimu marga saka piala;
cangkemmu ngucapake cidra,
ilatmu ngandhakake kaculikan.
4Ora ana kang nggugat kanthi alasan kang bener,
lan ora ana kang ngadili kanthi alasan kang kuwat;
kang diandelake barang kang tanpa guna
lan goroh kang diucapake,
kang dikandhut kasangsaran
dene kang dilairake tindak ambek siya.
5Wong padha netesake endhog ula bedhudhak,
tuwin nenun jaring kemangga;
sing sapa mangan endhog mau mesthi bakal mati,
sarta manawa endhog mau dipijet nganti pecah,
banjur metu ulane bedhudhak.
6Jaring kang ditenun mau ora kena dianggo sandhangan,
lan gegaweane ora kena dianggo kemul;
panggawene iku panggawe kang ambek siya,
sarta kang ditindakake dening tangane iku mung awujud kekerasan.
7 #
Rm 3:15-17
Enggal-enggal anggone nglakoni piala,
lan enggal-enggal arep ngilekake getihe wong kang ora luput;
rancangane iku pangrantaming ambek siya,
tuwin menyang ngendi bae parane
mesthi ninggal karusakan lan gempuran.
8Padha ora sumurup marang dalaning karukunan,
tuwin ing sajroning tindak-tanduke ora ana kaadilan;
padha milih dalan-dalan kang menggok,
lan saben wong kang lumaku ing kono ora wanuh marang katentreman.
9Marga saka iku kaadilan tetep adoh saka kita
tuwin kabeneran ora nekani kita,
kita padha ngarep-arep pepadhang,
nanging kang ana mung pepeteng,
padha ngarep-arep cahya,
nanging kita padha lumaku ana ing pepeteng.
10Kita padha gagap-gagap ing tembok kaya wong wuta,
tuwin grayah-grayah kaya-kaya ora duwe mripat;
kita padha kesandhung ing wayah tengange,
kaya-kaya ing wayah repet-repet
padha lungguh ing papan peteng kaya wong mati.
11Kita kabeh padha gereng-gereng kaya bruwang,
swara kita lereg-lereg kaya manuk dara;
kita ngarep-arep marang kaadilan,
nanging ora ana,
nganti-anti marang kaslametan,
nanging iku tetep adoh saka kita.
12Dosa kawula sadaya punika saestu kathah wonten ing ngarsa Paduka
tuwin dosa kawula punika dados seksi ingkang nglawan dhateng kawula;
kawula sadaya saestu sami ngrumaosi anggen kawula sami mbalela
saha sami nyumerepi ing piawon kawula;
13kawula sadaya sampun mbalela tuwin nyelaki dhumateng Pangeran Yehuwah,
sarta mundur nilar Gusti Allah kawula,
kawula sami ngrancang badhe memeres lan nyleweng,
sami ngandhut cidra ing salebeting manah
saha nglairaken cidra wau kalayan tetembungan.
14Angger-angger sampun kesuk kawula pengkeraken
tuwin kaadilan tebih dunungipun,
sabab kaleresan kesandhung wonten ing papan umum
saha katemenan katampik ing tiyang.
15Mulane kabeneran wus ilang,
lan sing sapa ngedohi piala,
dadi kurbaning wong ngrerayah.
Nanging Pangeran Yehuwah nguningani kang mangkono iku,
lan ndadekake rengune ana ing paningale
dene ora ana angger-angger
16 #
Ye 63:5
Panjenengane mirsa
manawa ora ana wong siji-sijia
kang jumedhul, tuwin ngungun,
dene ora ana kang mbiyantu.
Mulane astane piyambak kang mitulungi,
sarta kaadilane kang mbiyantu Panjenengane.
17 #
Ef 6:14, 17; 1Ts 5:8 Banjur ngagem kaadilan kadadekake kere
lan toponging karahayon ana ing mustakane;
ngagem busana piwales
sarta jubahing panggalih benter.
18Laras karo panggawe-panggawening wong,
mangkene anggone paring piwales:
bebendu kang mulad-mulad marang para kang nglawan,
pidana marang para mengsahe;
malah dalasan pulo-pulo kang adoh uga kadhawahan pidana.
19Ing kono wong banjur bakal wedi
marang asmaning Pangeran Yehuwah
ana ing papan suruping srengenge
tuwin marang kamulyane ana ing papan pletheking srengenge,
awit Panjenengane bakal rawuh kaya ilining banyu saka papan kang ciyut,
kang kasurung dening napasing Sang Yehuwah.
20 #
Rm 11:26
Sarta bakal rawuh jumeneng dadi Panebusing Sion
tuwin kanggo para wonge Yakub kang padha mratobat nyingkiri pambalelane,
mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
21Anadene Ingsun, iki prajanjianingSun marang wong-wong mau, pangandikane Sang Yehuwah: RohingSun kang dumunung ana ing sira lan pangandikaningSun kang Sunparingake ana ing cangkemira ora bakal sumingkir saka ing cangkemira saka ing cangkeme turunira sarta saka ing cangkeme turune turunira, wiwit ing samengko nganti ing salawas-lawase, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
Currently Selected:
YESAYA 59: JAV
Highlight
Share
Copy

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.