YESAYA 54
54
Prajanjian karukunan kalawan Sion
54:1-17
1 #
Gl 4:27
Surak-suraka, he wong gabug kang ora tau nglairake jabang bayi!
Bungaha kalawan sumyak-sumyak lan giyak-giyaka,
he sira kang ora tau nglarani!
Amarga kang ditinggal dening sing lanang iku bakal duwe anak kehe ngungkuli anake wong kang padha bebojoan,
mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
2Ambakna papanig tarubira,
jerengen tendhaning papan padununganira,
sira aja ngeman papan;
tali-talining tarubira dawanana
sarta pathok-pathokira kapasanga kang kukuh!
3Amarga sira bakal tangkar-tumangkar ngiwa nengen,
turunira bakal padha ndarbeni papaning para bangsa,
tuwin bakal padha ngenggoni kutha-kutha kang sepi.
4Sira aja wedi, awit ora bakal kawirangan,
lan aja rumangsa isin,
sabab sira ora bakal nandhang wirang.
Amarga sira bakal lali marang kawiranganing nom-nomanira,
tuwin ora bakal eling maneh marang nisthane anggonira dadi randha.
5Amarga kang dadi somahira iku Panjenengane kang nitahake sira,
kang asma pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah;
kang jumeneng Panebusira yaiku Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel,
kang sinebut Gusti Allahe salumahing bumi.
6Awit kayadene wong wadon kang ditinggal lan kang susah atine
anggonira katimbalan maneh dening Sang Yehuwah;
garwa jaka-lara rak ora bakal tetep katampik?
Mangkono pangandikane Gusti Allahira.
7Mung sadhela anggoningSun nilar sira,
nanging marga saka sih-piwelasingSun kang linuwih sira Sunpundhut maneh.
8Ing sajroning dukaningSun kang banget
Ingsun wus ngaling-alingi wedananingSun marang sira sadhela,
nanging marga saka sih-susetyaningSun kang langgeng
Ingsun wus ngatingalake sih-piwelasingSun marang sira,
mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Juru Panebusira.
9 #
Pd 9:8-17
Kaanan iku tumrap Ingsun kaya ing jamane Nuh:
kayadene anggoningSun wus supaos marang dheweke
manawa banyu ora bakal nutupi bumi maneh,
mangkono uga Ingsun iya wus supaos
manawa Ingsun ora bakal duka maneh marang sira
lan ora bakal mbendoni sira maneh.
10Sabab sanadyan gunung-gunung padha ngalih
lan tengger-tengger padha gonjing,
nanging sih-susetyaningSun ora bakal ngalih saka ing sira
tuwin prajanjian-karukunan peparingingSun ora bakal owah gingsir,
mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, kang paring sih-palimirma marang sira.
11 #
Wy 21:18-21
He wong kang katindhes, kang katempuh ing prahara, kang ora oleh panglipur!
Lah Ingsun bakal masang tetalesira kalawan watu item
tuwin dhasar-dhasarira kalawan sesotya manila.
12AnggoningSun yasa ndhuwuring tembok-tembokira kalawan sesotya dlima,
gapura-gapuranira kalawan sesotya manikem abang
sarta kabeh tembok-tembok wates kalawan watu adi.
13 #
Yo 6:45
Anakira kabeh bakal padha dadi siswaning Yehuwah,
tuwin bakal kadunungan karahayon gedhe;
14sira bakal kajejegake ing kabeneran.
Sira bakal ingedohake saka ing panganiaya,
mulane sira ora susah wedi maneh,
tuwin sira bakal adoh saka ing pagiris,
sabab iku ora bakal nekani sira.
15Manawa ana wong kang nempuh sira,
iku ora saka Ingsun;
sapa bae kang nempuh sira,
iku bakal ambruk marga nglawan sira.
16Lah Ingsun kang nitahake pandhe kang ngububi geni
tuwin ngrampungkae gegaman manut kabisane,
nanging uga Ingsun kang nitahake juru panumpes
kang Sunagem numpes.
17Saben gegaman kang digembleng
arep kanggo nglawan sira ora bakal bisa tumama,
sarta saben wong kang nandukake pandakwa marang sira
ana ing pangadilan bakal sira buktekake manawa salah.
Iya iki kang bakal dadi pandumane
para abdine Pangeran Yehuwah
tuwin kabeneran peparingingSun,
mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
Currently Selected:
YESAYA 54: JAV
Highlight
Share
Copy

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.