YESAYA 5
5
Kekidungan bab pakebonan anggur
5:1-7
1 #
Mt 21:33; Mk 12:1; Lk 20:9 Aku arep ngrepekake kidung bab kekasihku,
kidunge kekasihku bab pakebonane anggur:
Kekasihku iku kagungan pakebonan anggur
ana ing ereng-erenging pagunungan kang subur.
2Iku dipaculi lan watu-watune dibuwangi,
nuli ditanduri wit anggur pilihan;
banjur diadegi panggungan pajagan ana ing tengahe pakebonan mau.
Panjenengane tumuli damel jogangan pameresan anggur;
sarta ngajeng-ajeng supaya pakebonan iku metokake woh anggur kang becik,
nanging jebul metokake woh anggur kang kecut.
3Mulane saiki, he pendhudhuk Yerusalem,
lan para wong Yehuda,
padha ngadilana prakaraningSun kalawan pakebonaningSun anggur iku.
4Apa maneh ta kang kudu katindakake tumrap pakebonaningSun anggur iku,
kang durung Sunlakoni?
Ingsun ngajeng-ajeng supaya metokna woh anggur kang becik,
yuagene dene mung metokake woh anggur kang kecut?
5Awit saka iku Ingsun bakal paring sumurup marang sira,
apa kang bakal Suntandukake marang pakebonaningSun anggur iku:
Ingsun bakal mecoki pagere eri,
satemah pakebonan iku entek kapangan,
lan temboke bakal Sunjugrugake
satemah pakebonan iku kaidak-idak.
6Bakal Sundamel supaya kathukulan ing rerungkudan,
ora dipaprasi lan ora dibabadi,
satemah kathukulan piskucing lan suket;
Ingsun bakal paring dhawuh marang mendhung,
supaya aja nurunake udan marang pakebonan iku.
7Amarga pakebonane anggur Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah
iku turune Israel,
lan para wong Yehuda
iku tetanduran kang diremeni;
kang diajeng-ajeng kaadilan,
nanging kang ana mung tindak ambek siya,
kang diantos-antos kabeneran
nanging kang ana mung kaonaran.
Pepenget bab piala warna-warna
5:8-24
8Bilai wong kang ndhaku omah siji lan sijine
sarta kang ngebeki pategalan siji lan sijine,
nganti ora ana papan maneh kanggo wong liya
tuwin mung kowe dhewe kang manggon ing nagara kono!
9Kupingku krungu pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah:
“Lah bakal akeh omah kang dadi sepi mamring;
omah kang gedhe-gedhe lan kang becik-becik
bakal ora ana kang ngenggoni.
10Sabab pakebonan anggur kang ambane padha karo wlukon sapuluh dina
pametune anggur mung sa-bat;
tuwin winih sa-homer
pametune gandum mung sa-efa.”
11Bilai para wong kang tangi esuk
lan banjur golek inuman keras,
sarta lelinggihan nganti ing wayah bengi,
kanthi ngangetake awake kalawan anggur!
12Clempung lan slukat, trebang lan suling,
apadene anggur tinemu ana ing pajagongane wong-wong mau,
nanging ora padha nggatekake marang apa kang katindakake Sang Yehuwah,
sarta ora mawas marang pakaryane Sang Yehuwah.
13Mulane umatingSun bakal kagawa marang ing pambuwangan
awit ora ngreti apa-apa;
wong kang mulya bakal padha mati kaliren,
tuwin wong akeh bakal padha kasatan.
14Awit saka iku jagading wong mati bakal ngangapake gorokane amba banget
lan bakal ngangapake cangkeme tanpa wangenan,
satemah sakehe kamulyan lan karameane Yerusalem,
sakehe swara gumerah tuwin para wog kang suka-suka ana ing kutha kono bakal padha sirna ambles.
15Manungsa banjur bakal kadhingklukake,
lan wong bakal kaesorake,
para wong gumunggung uga kaesorake.
16Nanging Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal kacetha anggone mahaluhur ing sajrone kaadilane,
lan Gusti Allah Kang Mahasuci
bakal ngatingalake kasucene ing sajroning kabenerane.
17Wedhus gembel bakal padha nyenggut ing kono kaya ana ing pangonane dhewe
tuwin wedhus-wedhus bakal padha golek pangan ana ing jugrugane
gedhong-gedhonge wong sugih.
18Bilai para wong kang mancing kaluputan kalawan talining kadursilan
lan dosa kaya nganggo kendharating grobag,
19kang ngucap: “Gusti Allah dimen age-age
lan enggal-enggal nindakake pakaryane,
supaya kita padha sumurup;
sarta karampungane Kang Mahasuci,
Gusti Allah Israel,
dimen teka nyedhak,
supaya kita padha weruh.”
20Bilai para wong kang ngarani piala iku becik
lan kabecikan iku ala,
kang ngowahi pepeteng dadi pepadhang
lan pepadhang dadi pepeteng,
kang ngowahi pait dadi legi,
lan legi dadi pait.
21Bilai para wong kang nganggep awake dhewe wicaksana,
kang nganggep awake dhewe pinter!
22Bilai para wong kang dadi jago ngombe inuman keras
kang dadi pemenang ing bab nyampur inuman keras;
23kang mbenerake wong duraka marga dibeseli
lan kang nyelaki wewenange wong bener.
24Sabab iku kaya ilat geni kang mangsa dami,
lan kaya suket aking kang sirna dening geni,
kaya mangkono oyod-oyode bakal dadi bosok,
tuwin kuncupe bakal mawut kaya awu,
amarga wong-wong mau wus padha nampik
piwulange Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah
sarta memada marang pangandikane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.
Bangsa manca dadi pirantine dedukaning Yehuwah
5:25-30
25Mulane bebendune Sang Yehuwah banjur nempuh marang umate,
diagagi astane sarta tumuli kapupuh;
gunung-gunung bakal geter, mayit-mayite wong-wong mau
bakal kaya rereged ana ing tengah dalan.
Nanging sanadyan iku kabeh wus kelakon, dedukane durung mendha
lan astane isih diagagake.
26Panjenengane bakal nglebet-nglebetake gendera marang bangsa kang adoh,
lan bakal singsot nimbali wong-wong iku saka ing tapel-watese bumi;
iku sanyata enggal bakal teka kalawan rerikatan!
27Panunggalane ora ana kang kesel lan ora ana kang kesandhung,
ora padha ngantuk utawa keturon,
ora ana kang ucul sabuke,
ora ana kang pedhot talining trumpahe;
28panahe padha dilandhepake
lan sakehe gendhewane padha kapenthang;
tracake jarane atose kaya watu geni
tuwin rodhane kretane kaya lesus.
29Panggerone kaya singa wadon,
padha nggero kaya singa enom;
padha gereng-gereng banjur ndekep mangsane,
nuli kagondhol mlayu lan ora ana kang nguwalake.
30Ing dina iku wong-wong mau bakal padha linimputan
ing swara kaya gumlegere sagara.
Manawa wong ngawasake marang ing bumi,
lah ing kono ana pepeteng kang ngrerupeki,
sarta pepadhang dadi peteng marga saka mendhung!
Currently Selected:
YESAYA 5: JAV
Highlight
Share
Copy
Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.