YouVersion Logo
Search Icon

KOHELET 5

5
1Aja kesusu, cangkemmu lan atimu aja age-age nglairake tetembungan ana ing ngarsaning Allah, amarga Gusti Allah iku ana ing swarga, mangka kowe ana ing bumi, mulane tembungmu sathithik bae. 2Awit kayadene jalarane ngimpi iku marga saka akehing pagawean, mangkono uga rembuge wong bodho iku iya marga saka akehe tembung-tembunge. 3Manawa kowe duwe nadar ana ing ngarsaning Allah, aja kok undur-undur anggonmu netepi, marga Panjenengane ora rena mirsani para wong kang gemblung. Tetepana nadarmu. 4#Ms 66:13-14Luwih becik kowe ora duwe nadar katimbang duwe nadar nanging ora koktetepi. 5Aja nganti kowe katuntun dening cangkemmu marang ing dosa, sarta aja matur ana ing ngarsane utusaning Allah manawa kowe tumindak kliru. Yagene ta tembung-tembungmu kok nganti ndadekake dukaning Allah ing bab pangucapmu lan banjur ngrusak pagaweaning tanganmu? 6Amarga kayadene impen iku akeh, mangkono uga tetembungan kang tanpa paedah iku uga akeh. Nanging wedia marang Gusti Allah.
Bab tanpa paedahe kasugihan
5:7–6:12
7Manawa ana ing sawijining dhaerah kowe nyumurupi wong miskin ditindhes lan angger-angger tuwin kaadilan katerak, kowe aja gumun, amarga kang pangkat dhuwur kang siji ngulat-ulatake sijine, mangkono uga kang luwih dhuwur pangkate padha ngulat-ulatake wong-wong mau. 8Ing sajroning kaanan mangkono iku, begja nagara kang ratune ingajenan ana ing dhaerah kono.
9Sing sapa nresnani dhuwit ora bakal wareg dhuwit lan sing sapa tresna marang kasugihan ora bakal marem marang pametune. Iki iya tanpa paedah. 10Manawa barang darbeke wuwuh, wong kang ngentekake uga wuwuh. Banjur apa kauntungane kang duwe kajaba mung ndeleng? 11Wong kang nyambut gawe iku turune kepenak, sanadyan mangane sathithik utawa akeh; nanging mubra-mubruning wong sugih marakake ora bisa turu. 12Aku weruh kaanan kang nyedhihake banget ana ing sangisoring langit: kasugihan kang kasimpen dening kang duwe njalari kacilakane dhewe. 13Lan kasugihan iku sirna marga saka kojure, satemah ora duwe apa-apa kanggo anake. 14#Ay 1:21; Ms 49:18; 1Tm 6:7Kayadene anggone metu saka ing guwa-garbane ibune, mangkono uga anggone bakal lunga, iya wuda kaya nalikane teka lan ora oleh apa-apa saka ing kangelane kang kena digawa. 15Iki uga kaanan kang nyedhihake. Kayadene anggone teka, mangkono uga anggone bakal lunga. Banjur apa kauntungane wong kang wus kangelan mburu angin iku? 16Malah salawase uripe ngrasakake gela lan sedhih; akeh kasusahane, kasangsarane lan kang marakake anyel.
17Lah kang dakanggep becik lan prayoga iku: mangan ngombe lan seneng-seneng ing sajroning pagaweane kang dilakoni kalawan ngrekasa ana ing sangisoring langit ing salawase uripe kang cendhak, kang diparingake dening Gusti Allah, awit yaiku pandumane. 18Saben wong kang kaparingan kasugihan, raja-brana lan pangwasa dening Gusti Allah kang bisa dirasakake minangka pandumane, banjur bisa seneng-seneng ing sajroning kangelane, iku uga ganjarane Gusti Allah. 19Wong mau arang-arang ngeling-eling marang uripe, amarga Gusti Allah marengake tansah ngrasakake kasenenganing atine.

Currently Selected:

KOHELET 5: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in