ewasamanten boten Paduka tegakaken wonten ing ara-ara samun, margi saking palimirma Paduka ingkang ageng. Tugu mega boten kendhat-kendhat nuntun lampahipun ing wanci siyang, makaten ugi tugu latu tansah madhangi ing wanci dalu wonten ing margi ingkang dipun langkungi. Roh Paduka ingkang asihmirma inggih Paduka paringaken, supados mulang. Punapa malih boten nate Paduka endheg roti man peparing Paduka dhateng cangkemipun, sarta kadamel ngicalaken ngelakipun Paduka paringi toya. Kawandasa taun laminipun anggen Paduka maringi panggesangan wonten ing ara-ara samun. Sami boten nate kekirangan, sandhanganipun boten luwas, sarta sukunipun boten sami abuh.