NEHEMYA 9:16-17
NEHEMYA 9:16-17 JAV
Nanging tiyang-tiyang wau, inggih punika para leluhur kawula, sami tumindak gumunggung saha sami ngakenaken githokipun sarta boten mituhu dhateng pepaken-pepaken Paduka. Dene sami lumuh mirengaken tuwin boten ngengeti dhateng kaelokan ingkang Paduka tindakaken wonten ing satengahipun; sami ngakenaken githokipun, malah sami nekad badhe mangsuli pangawulanipun wonten ing tanah Mesir. Nanging Paduka punika Gusti Allah ingkang sugih pangapunten, asihdarma tuwin ambek welasan, sabar saha agung sihsusetyanipun. Paduka boten karsa negakaken para leluhur kawula wau.