Ing kono wong-wong iku banjur padha dakkandhani: “Panjenengan sami nguningani ing kasrakatan ingkang kita alami punika, inggih punika bilih Yerusalem dados gempuran lan gapuranipun kabesmi. Milanipun sumangga sami mbangun balowartinipun Yerusalem, supados kita sampun ngantos kalajeng-lajeng dados cacadan malih.” Nalika padha dakkandhani kaya apa anggonku wus diayomi dening Gusti Allahku kang mahamirah, sarta apa kang dadi pangandikane Sang Prabu marang aku, ing kono pangucape: “Inggih sumangga sami tumandang mbangun!” Lan kanthi ngetog kakuwatan anggone padha nglakoni pagawean kang becik iku.