Unjukku: “Dhuh Sang Yehuwah, Gusti Allahipun saindenging langit, Paduka punika Gusti Allah ingkang Mahaagung sarta nggegirisi, ingkang ngantepi ing prasetyan saha ing sih-kadarmanipun tumrap ing tetiyang ingkang sami nresnani Panjenenganipun sarta netepi ing pepakenipun, mugi talingan Paduka tumilinga saha paningal Paduka mugi nguninganana, supados miyarsakaken ing pandonganipun abdi Paduka, ingkang kawula unjukaken wonten ing ngarsa Paduka rinten lan dalu kangge para kawula Paduka, tiyang Israel, kalayan ngakeni dosa, ingkang sampun sami kawula lampahi dhumateng Paduka. Ugi kawula dalah kulawarga kawula inggih sampun sami damel dosa.