1
MATEUS 9:37-38
Kitab Sutji
Banjur ngandika marang para sakabate: “Panene gedhe, nanging kang derep mung sathithik. Mulane padha nyuwuna marang Kang Kagungan panen, supaya karsaa maringi wong derep kanggo panenane iku.”
Compare
Explore MATEUS 9:37-38
2
MATEUS 9:13
Wis, padha sumingkira, padha pindengen isining pangandika, kang surasane: Kang Sunkarsakake iku dudu kurban, nanging kawelasan. Sabab tekaKu iki ora ngundang wong sampurna, nanging wong dosa.”
Explore MATEUS 9:13
3
MATEUS 9:36
Mirsa wong akeh iku, trenyuh banget panggalihe marga saka welas; awit wong-wong mau padha katon sayah lan ora kopen kaya wedhus kang ora ana pangone.
Explore MATEUS 9:36
4
MATEUS 9:12
Gusti Yesus mireng, nuli ngandika: “Wong waras iku ora butuh dhukun, sing butuh iku wong sing lara.
Explore MATEUS 9:12
5
MATEUS 9:35
Gusti Yesus tumuli tindak njajah kutha lan desa, paring piwulang ana ing papan-papan pangibadah sarta nggelarake Injil Kratoning Allah, apadene nyarasake sakabehing lelara lan memala.
Explore MATEUS 9:35
Home
Bible
Plans
Videos