1
MATEUS 10:16
Kitab Sutji
“Lah kowe padha daklakokake kayadene wedhus gembel menyang ing satengahing asu ajag, mulane sing ngati-ati kaya ula lan sing bares kaya manuk dara.
Compare
Explore MATEUS 10:16
2
MATEUS 10:39
Sing sapa ngeman nyawane, bakal kelangan nyawane, lan sing sapa kelangan nyawane marga saka Aku, iku bakal nampani nyawane.
Explore MATEUS 10:39
3
MATEUS 10:28
Aja wedi marang wong-wong kang bisa mateni raga, nanging ora bisa mateni nyawa, aluwung wedia marang Panjenengane, kang bisa ngrusak karo-karone ana ing naraka, iya jiwamu iya ragamu.
Explore MATEUS 10:28
4
MATEUS 10:38
Sing sapa ora manggul salibe lan ngetut-buri marang Aku, iku ora pantes tumraping Aku.
Explore MATEUS 10:38
5
MATEUS 10:32-33
Saben wong kang ngakoni Aku ana ing ngarepaning manungsa, iku iya bakal Dakakoni ana ing ngarsane RamaKu kang ana ing swarga. Nanging sing sapa nyelaki Aku ana ing ngarepaning manungsa, iku iya bakal Dakselaki ana ing ngarsane RamaKu kang ana ing swarga.”
Explore MATEUS 10:32-33
6
MATEUS 10:8
Wong lara padha warasna, wong mati tangekna, biraten najise wong lara budhugen; dhemit-dhemit padha tundhungana. Kowe padha nampani kanthi lelahanan, mulane wenehna kanthi lelahanan uga.
Explore MATEUS 10:8
7
MATEUS 10:31
Mulane aja padha wedi, amarga ajimu iku ngluwihi manuk glathik pirang-pirang.
Explore MATEUS 10:31
8
MATEUS 10:34
“Kowe aja padha ngira, yen tekaKu nggawa pirukun ana ing bumi. TekaKu iku ora nggawa pirukun nanging pedhang.
Explore MATEUS 10:34
Home
Bible
Plans
Videos