Pangandikane Sang Yehuwah mangkene:
“Wong kang wicaksana aja ngendel-endelake kawicaksanane,
wong rosa aja mamerake karosane,
wong sugih aja ngegung-egungake kasugihane;
nanging sing sapa arep ngegungake,
ngegungna kang mangkene:
manawa dheweke ngreti lan wanuh marang Ingsun,
manawa Ingsun iki Sang Yehuwah,
kang nedahake kadarman,
kaadilan lan kabeneran ana ing bumi;
sanyata, iku kang ndadekake keparenging galihingSun,”
mangkono pangandikane Sang Yehuwah.