1
YEREMIA 8:22
Kitab Sutji
Apa ing Gilead ora ana boreh? Apa ing kana ora ana dhukun? Geneya tatune putrining bangsaku durung mari?
Compare
Explore YEREMIA 8:22
2
YEREMIA 8:4
Sira mratelakna marang para wong iku: “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Wong kang tiba iku apa ora tangi maneh? Wong kang nyingkur iku apa ora bali maneh?
Explore YEREMIA 8:4
3
YEREMIA 8:7
Dalah manuk cangak ing awang-awang, ngreti mangsane, manuk drekuku, sriti lan bango padha kelingan mangsane bali, nanging umatingSun ora sumurup angger-anggere Sang Yehuwah.
Explore YEREMIA 8:7
4
YEREMIA 8:6
Ingsun wus nggatosake lan midhangetake, kandhane ora jujur! Ora ana kang nggetuni pialane karo ngucap: Apa ta kang wus daklakoni iki! kalawan mbedhal lumayu padha nggeblas manut parane dhewe-dhewe kaya jaran kang nrejang ing peperangan.
Explore YEREMIA 8:6
5
YEREMIA 8:9
Para wong wicaksana bakal padha kawirangan, kaget lan keblusuk. Lah wis padha nampik pangandikane Sang Yehuwah, apa isih padha kadunungan kawicaksanan?
Explore YEREMIA 8:9
Home
Bible
Plans
Videos