1
PURWANING DUMADI 42:21
Kitab Sutji
Para sadhereke banjur padha rerasanan: “Iki nyata wohing dosa kita marang adhi kita, kita rak padha kelingan ta, nalika sesambat melas-asih marang kita, nanging kita padha ora ngrewes, iya iku nalare kita padha katekan karibedan iki.”
Compare
Explore PURWANING DUMADI 42:21
2
PURWANING DUMADI 42:6
Nalika iku Sang Yusuf wus jumeneng patih ana ing nagara kono, lan iya panjenengane iku kang nempurake gandum marang rakyat ing kono kabeh. Dadi nalika para sadhereke Sang Yusuf teka, iya kudu sowan ing ngarsane klawan sumungkem ing bumi.
Explore PURWANING DUMADI 42:6
3
PURWANING DUMADI 42:7
Bareng Sang Yusuf mirsa para sadhereke, ora pangling, nanging Sang Yusuf ethok-ethok ora ngretos, malah disentak sarta dipangandikani: “Kowe kabeh iku saka ngendi?” Ature kang kadangu: “Saking tanah Kanaan, badhe nempur.”
Explore PURWANING DUMADI 42:7
Home
Bible
Plans
Videos