Sang Prabu Pringon tumuli ngandika marang Yusuf: “Sarehne Gusti Alalh wus paring sumurup marang sira, dadi ora ana wong kang lantip lan wicaksana kaya sira. Mulane sira kang nguwasanana kadhatoningsun, sarta sakehe para kawulaningsun kabeh ngestokna prentahira, mung marga saka dhampar iki bae anggoningsun ngungkuli sira.”