1
YEHESKIEL 4:4-5
Kitab Sutji
Sira banjur turona miring ngiwa, sira nanggunga paukumane turuning Israel. Pirang dina anggonira turon mangkono iku, iya samono lawase anggonira nyangga paukumane. Mangkene anggoningSun netepake tumrap sira: Pirang taun anggone turune Israel kaukum, iya iku cacahing dina anggonira nanggung paukumane, yaiku telung atus sangang puluh dina.
Compare
Explore YEHESKIEL 4:4-5
2
YEHESKIEL 4:6
Manawa iku wus sira tindakake, banjur turona miring maneh, nanging miring manengen lan sira nyanggaa paukumane Yehuda lawase patang puluh dina; Ingsun netepake tumrap sira sadina kanggo sataun.
Explore YEHESKIEL 4:6
3
YEHESKIEL 4:9
Sabanjure sira njupuka gandum sair, kedhele, kacang, jewawut lan kusemet, iku dadekna siji ana ing wadhah, nuli olahen dadekna roti. Iku minangka panganira ing sajrone sira turon miring iku, yaiku telung atus sangang puluh dina.
Explore YEHESKIEL 4:9
Home
Bible
Plans
Videos