YEHESKIEL 4:4-5
YEHESKIEL 4:4-5 JAV
Sira banjur turona miring ngiwa, sira nanggunga paukumane turuning Israel. Pirang dina anggonira turon mangkono iku, iya samono lawase anggonira nyangga paukumane. Mangkene anggoningSun netepake tumrap sira: Pirang taun anggone turune Israel kaukum, iya iku cacahing dina anggonira nanggung paukumane, yaiku telung atus sangang puluh dina.