1
PANGENTASAN 6:6
Kitab Sutji
Sira bakal Sunpundhut dadi umatingSun lan Ingsun bakal jumeneng dadi Allahira, supaya sira padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah Allahira, kang nguwalake sira saka pagawean-peksane wong Mesir.
Compare
Explore PANGENTASAN 6:6
2
PANGENTASAN 6:7
Karodene sira bakal Sunirid menyang ing nagara kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos, yen bakal Sunparingake marang Abraham, Iskak lan Yakub, sarta iku bakal Sunparingake marang sira dadi darbekira; Ingsun iki Yehuwah!”
Explore PANGENTASAN 6:7
3
PANGENTASAN 6:8-9
Nabi Musa banjur ngandika mangkono mau marang wong Israel, nanging padha ora ngrungokake marang pangandikane Nabi Musa, marga wus padha semplah jalaran saka pangawulan kang banget abote iku. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa
Explore PANGENTASAN 6:8-9
4
PANGENTASAN 6:1
Sabanjure Gusti Allah ngandika marang Nabi Musa mangkene: “Ingsun iki Yehuwah.
Explore PANGENTASAN 6:1
Home
Bible
Plans
Videos