Nanging setorane bata ajeg cacahe kaya wingi-wingine, ora kena disuda, marga wong-wong iku kesed. Mulane padha bengok-bengok: Kawula mugi kalilana kesah badhe saos kurban dhateng Allah kawula. Pagaweane wong-wong iku kudu ditambahi abote, nganti gagasane mung tumuju marang pagawean, lan aja nganti katut marang tetembungan kang dora.”