Sang Stefanus sajrone dibenturi watu mau, ndedonga unjuke: “Dhuh Gusti Yesus, mugi karsaa nampeni roh kawula. Kalawan jengkeng nuli nguwuh seru: “Dhuh Gusti, dosa punika mugi sampun Paduka tempahaken dhateng tiyang-tiyang punika.” Sajrone munjuk mangkono iku banjur seda.