Mulane, para sadulur, padha miliha wong pitu saka ing antaramu, kang wus katitik becik, lan kapenuhan ing Roh sarta kawicaksanan, supaya kenaa dakangkat kanggo bubuhan iku satemah aku kabeh bisa ngelengake pikiran ana ing pandonga lan ing ayahaning pangandika.”