1
I SAMUEL 28:5-6
Kitab Sutji
Bareng Sang Prabu Saul mirsa wadyabala Filisti, panjenengane ajrih lan gumeter banget. Lan Sang Prabu Saul neges marang Sang Yehuwah, nanging Sang Yehuwah ora paring wangsulan, apa srana impen utawa Urim apa lantaran para nabi.
Compare
Explore I SAMUEL 28:5-6
2
I SAMUEL 28:7-8
Sang Prabu Saul banjur ngandika marang para punggawane: “Ingsun golekna wong wadon prewangan, ingsun bakal mrana lan mundhut pituduhe.” Para punggawane padha munjuk marang Sang Prabu: “Ing Endor wonten tiyang estri prewangan.” Sang Prabu banjur namur lampah ngrasuk pangageman seje lan tindak kadherekake abdi loro. Bareng Sang Prabu ing wayah bengi rawuh ing panggonane wong wadon mau, banjur ngandika: “Mara aku tenungna lumantar roh lan undangna wong kang bakal dakpratelakake.”
Explore I SAMUEL 28:7-8
Home
Bible
Plans
Videos