I SAMUEL 28:7-8
I SAMUEL 28:7-8 JAV
Sang Prabu Saul banjur ngandika marang para punggawane: “Ingsun golekna wong wadon prewangan, ingsun bakal mrana lan mundhut pituduhe.” Para punggawane padha munjuk marang Sang Prabu: “Ing Endor wonten tiyang estri prewangan.” Sang Prabu banjur namur lampah ngrasuk pangageman seje lan tindak kadherekake abdi loro. Bareng Sang Prabu ing wayah bengi rawuh ing panggonane wong wadon mau, banjur ngandika: “Mara aku tenungna lumantar roh lan undangna wong kang bakal dakpratelakake.”