Sang Filipus banjur kadhawuhan dening Roh: “Mronoa, cedhakana kreta iku!” Sang Filipus banjur enggal-enggal murugi lan mireng priyagung iku lagi maos kitab Nabi Yesaya. Sang Filipus matur: “Panjenengan punapa mangretos ingkang panjenengan waos punika?” Paring wangsulane: “Kadospundi anggen kula saged mangretos, manawi boten wonten ingkang nuntun?” Sang Filipus banjur didhawuhi minggah lan lenggah ing sandhinge.