YouVersion Logo
Search Icon

NEHEMYA 1:7-9

NEHEMYA 1:7-9 JAV

Kawula sami sampun kalepatan sanget dhumateng Paduka sarta sami boten netepi ing pepaken, pranatan tuwin tatanan ingkang sampun Paduka dhawuhaken dhateng abdi Paduka Musa. Paduka mugi ngengetana ing sabda Paduka ingkang sampun Paduka dhawuhaken dhumateng abdi Paduka Musa wau, inggih punika: Manawa sira padha laku nasar, sira bakal padha Sunsebar ana ing antarane para bangsa. Nanging manawa padha mratobat marang Ingsun sarta netepi lan nglakoni ing pepakeningSun, sanadyan wong panunggalanira iku padha anaa ing poncoting langit, mesthi padha Sunklumpukake saka ing kono lan Sungawa menyang ing panggonan kang wus Sunpiji kanggo padununganing asmaningSun.