YouVersion Logo
Search Icon

MATEUS 15:25-27

MATEUS 15:25-27 JAV

Nanging wong wadon mau banjur marak lan sujud ing ngarsane Gusti Yesus sarta matur: “Dhuh, Gusti, nyuwun tulung!” Nanging Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Ora bener, wong njupuk rotine anak-anak banjur diuncalake marang asu.” Atur wangsulane wong wadon: “Kasinggihan Gusti, nanging segawon rak inggih sami nedha cuwil-cuwilan ingkang dhawah saking mejaning bandaranipun.”