YEREMIA 9:23-24
YEREMIA 9:23-24 JAV
Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Wong kang wicaksana aja ngendel-endelake kawicaksanane, wong rosa aja mamerake karosane, wong sugih aja ngegung-egungake kasugihane; nanging sing sapa arep ngegungake, ngegungna kang mangkene: manawa dheweke ngreti lan wanuh marang Ingsun, manawa Ingsun iki Sang Yehuwah, kang nedahake kadarman, kaadilan lan kabeneran ana ing bumi; sanyata, iku kang ndadekake keparenging galihingSun,” mangkono pangandikane Sang Yehuwah.