YEREMIA 7:5-7
YEREMIA 7:5-7 JAV
kejaba manawa sira padha temen-temen mbecikake tindak-tanduk lan panggawenira sarta temen-temen nindakake kaadilan ana ing satengahira dhewe-dhewe, ora nindhes wong ngamanca, bocah lola lan randha, ora ngwutahake getihe wong kang ora salah ana ing papan kene sarta ora ngetutwuri allah liyane kang marakake bilainira dhewe. Ingsun banjur bakal dedalem ana ing kene nunggil kalawan sira, ing tanah kang wus Sunparingake marang leluhurira, wiwit ing jaman kuna nganti ing salawas-lawase.