YEREMIA 11:3-4
YEREMIA 11:3-4 JAV
Dhawuhna marang wong iku: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Kenaa ing ipat-ipat wong kang ora ngrungokake marang surasaning prasetyan iki, kang wus Sundhawuhake marang leluhurira, nalika Sunluwari saka ing tanah Mesir, saka ing pawon pangleburan wesi, kanthi pangandika mangkene: Rungokna dhawuhingSun lan lakonana kabeh kang Sundhawuhake marang sira, temah sira bakal dadi umatingSun lan Ingsun dadi Allahira