YouVersion Logo
Search Icon

PARA HAKIM 12:5-6

PARA HAKIM 12:5-6 JAV

Wong Gilead iku padha ngejegi pasabrangane bengawan Yarden, kanggo nyegat wong Efraim. Manawa ana wong Efraim kang keplayu, nuli nembung arep nyabrang, wong Gilead tumuli padha nakoni: “Apa kowe wong Efraim?” Dene manawa mangsuli: “Dudu”, banjur dikon muni: “Syibolet.” Saupama anggone ngucapake: sibolet, dadi ketara yen ora teteh pakecapane, banjur dicekel lan dipateni ana ing pasabrangane bengawan Yarden kono. Ing wektu samana wong Efraim kang dipateni ana patang puluh loro ewu.

Video for PARA HAKIM 12:5-6