YESAYA 61:1-3
YESAYA 61:1-3 JAV
Rohe Pangeran Allah ana ing Ingsun, awit Sang Yehuwah wus njebadi Ingsun; Ingsun kautus martakake kabar kabungahan marang para wong kang nandhang sangsara, tuwin rumeksa marang wong-wong kang padha remuk atine, ngundhangake lepasing para tawanan, sarta pangluwaran saka ing pakunjarang marang wong kang padha kaukum, ngundhangake taun sih-rahmating Sang Yehuwah lan dina tumibane piwalesing Allah kita, nglipur sakehing wong kang nandhang susah, ngganjar marang wong-wong mau rerenggan sirah minangka gegentining awu, lenga-pesta minangka liruning bagor, kidung pangalembana minangka gegentining jiwa kang nglentrih, supaya wong-wong mau padha kaaranan “wit elah ing bab kabeneran”, “tanemaning Pangeran Yehuwah” kanggo ngatonake kaluhurane.