YESAYA 55:10-11
YESAYA 55:10-11 JAV
Sabab kayadene udan lan salju anggone tumurun sakal ing langit lan ora bali mrono, nanging banjur mbanyoni bumi, gawe subure lan njalari thukule tetuwuhan, aweh wiji marang kang nyebar lan roti marang wong kang gelem mangan, iya mangkono pangandikaningSun kang miyos saka ing tutukingSun: ora bakal bali marang Ingsun kanthi nglaha, nanging iku bakal nindakake apa kang Sunkarsakake, sarta bakal oleh gawe tumrap apa bae kang Sundhawuhake.