PURWANING DUMADI 48:15-16
PURWANING DUMADI 48:15-16 JAV
Tumuli mberkahi marang Sang Yusuf: “Eyangku lan ramaku, Eyang Abraham lan Rama Iskak, tansah ngabekti marang Gusti Allah. Iya Gusti Allah iku kang dadi pangenku sajegku urip tekan saiki. Sang Malaekat kang wus nguwalake aku saka sarupaning bebaya, muga karsaa mberkahi bocah-bocah anom iki, supaya dadia jalarane jenengku sarta asmane eyangku lan ramaku, iya Eyang Abraham lan Rama Iskak dadi misuwur marga saka bocah-bocah iki, sarta padha ngambra-ambra nganti dadi akeh banget ana ing bumi.”